About Me

bank

Babinsa Dadi Tuladha Ing Masyarakat



Mitra Babinsa.Com, Mbloro - Tugas Bintara Pembina Desa (Babinsa) antara liya mbantu warga masyarakat ing wilayah binaan lan paring sesulih sarta solusi amrih bisa gawe bombonge warga kanthi karya nyata lan dadi tuladha kang becik.

Salah sijine sing dilakoni Serda Suroto Babinsa Tunjungan Koramil 04/Tunjungan karo warga masyarakat sengkut gumregut Karya Bhakti gawe talud sing longsor ing Desa Tunjungan RT 01/ RW 01, Kecamatan Tunjungan, Kabupaten Blora, Jawa Tengah, dina Jumat, 14 Juni 2019.

Serda Suroto ngandharake, kegiatan sing dilakoni kuwi minangka salah siji tugas Babinsa kango mbantu warga masyarakat ning wilayah binaan.

Opo sing dilakoni, miturut Serda Suroto, jumbuh karo poin kaping wolu soko wolu wajib TNI. Yaoiku bisa dadi patuladan lan pelopor usaha-usaha kanggo ngatasi kangelane warga ing sakupenge daerah binaan.

Kejaba kuwi, ujare, melu gotong royong ndandani infrastruktur sing risak amarga bencana alam minangka wujud kemanungglan TNI lan Rakyat ing wilayah Tunjungan.
  
Sewetara iku Danramil 04/Tunjungan Kapten Inf Heri Waluyo, jelaske, bantu kegiatan warga ing wilayah binaan iku wis dadi tugas lan kewajiban Babinsa.

Ing tengah masyarakat kudu bisa melu ngethengake reribet lan sambate warga kanthi menehi solusi.
 
Kulak Warto Adol Woro, Sanak Kadang Sedoyo, Mekaten Pawartos Pendim 0721/Mbloro. Nuwun. (pw)

Posting Komentar

0 Komentar